-->

PEDOMAN WAWANCARA PENELITIAN KELOMPOK SOSIAL GERABAH BALONGAN - Learningtour Gerabah Balongan


1. Biodata Informan 

- Nyuwun ngapunten, asmane jenengan sinten Mbah?
- Asli mriki nggh Mbah?
- Kinten-kinten jenengan lahir tahun pinten Mbah?
- Gadah putra pinten Mbah?
- Jenengan nggh ndamel gerabah Mbah?
- dll 

2. Asal- Usul 

- Mbah teng mriki dukuh nopo Mbah?
- Kok saget diarani dusun (…) niku, ceritane pripun?
- Yen asal-usule gerabah teng mriki niku pripun?
- Lha jenengan riyin sinau ndamel gerabah kalih sinten mbah?
- Sinten ingkang ngawali ndamel gerabah teng mriki Mbah?
- Lha yen gerabah jaman riyen, ndamele gerabah nopo mawon Mbah?
- dll 

3. Keadaan Penduduk

- Mbah sesepuh desa mriki niku sinten? Maksude ingkan pertama kali manggani?
- Manggenipun sebelah pundi nggh Mbah?
- Bentuk nggriyanipun kados pundi nggh Mbah?
- Tiang ingkang manggon pertama wonten mriki nggih ndamel gerabah Mbah?
- dll 

4. Tata Ruang Rumah Tempo Dulu 

- Mbah yen ndamel gerabah niku wonten ngajeng griyo nopo wonten mburi griyo Mbah?
- Yen tempat kangge mepe gerabah mbah?
- Yen tempat ndamel mbakar gerabah wonten pundi Mbah?
- Yen tempat kangge nyalep dami wonten pundi Mbah? 

5. Sumber Pangan

- Mbah, kesehariane tiyang mriki ingkang katah merdamel nopo Mbah?
- Wonten ingkang tani Mbah?
- Wonten ingkang ternak Mbah?
- Wonten ingkang mbelah Mbah?
- Wonten ingkang sopir Mbah?
- Wonten ingkang kuli Mbah?
- Wonten ingkang sadehan teng wisata Balongan Mbah?
- Lha ingkang ndamel gerabah katah Mbah, perkiraan pinten Mbah?
- dll 

6. Fasilitas Publik

- Mbah teng mriki ngih wonten sumur kuno?
- Sumure sebelah pundi Mbah?
- Bentuk sumure sepundi Mbah?
- Mbah teng mriki ngih wonten mbalong kok diarane mbalongan?
- Sebelah pundi Mbah?
- Mbah, teng mriki wonten tanah bengkok ingkang tanahe didamel gerabah Mbah?
- Mbah teng mriki wonten tempat umum dingge mbakar gerabah Mbah?
- Mbah teng mriki wonten toko gerabah nopo mboten?
- dll 

7. Peninggalan Barang Kuno

- Mbah jenengan gadah genuk ageng?
- Mbah jenengan ngih gadah gerabah ingkang sampun puluhan tahun/ kuno?
- Mbah jenengan pernah ndamel gerabah ingkang bentuke kandel/ tebal?
- Mbah model gerabah ingkang kandel/ kuno niku bentuke pripon Mbah?
- Yen gerabah niku kandele sak pinten alus nopo kasar Mbah?
- dll 

8. Bahan Pembuatan Gerabah

- Mbah lemah kangge ndamel gerabah niku lemah ingkang pripun?
- Mendete sangking pundi Mbah?
- Ngotenniku tumbas nopo nyuwun?
- Bahanipun namun lemah sarasan, nopo wonten sanese?
- Lha bahan sanese ngoten niku sangking pundi?
- Mbah yeng teng gerabah kadose wonten coretan warna, niku bahane nopo? Bentuke sepundi? Niku mendet/ tumbas sangking pundi?
- Stoke taseh katah nopo mpon terbatas Mbah?
- Riyen kaleh sakniki, bahan ndamel gerabahniku wonten bentene nopo mboten?
- Kadose sakiniki kok bahane lagsung pesen Mbah? Leres ngih mbah?
- dll 

9. Alat/ Teknologi Membuat Gerabah 

- Mbah gerabah niku wonten cetakane nopo mboten? Kok saget sae ngoten? Lha alate nopo mawon Mbah?
- Mbah alat engkang niki cara gunakaken pripon?
- Alate niki fungsine kagem nopo?
- Ngoten niku alate tumbas  nopo ndamel piyambak?
- Yen tumbas, tumbas teng pundi Mbah?
- Ndamel piyambak nopo di damelake Mbah?
- Awet nopo mboten Mbah?
- Mbah jenengan pernah ngertos alat modern kagem ndamel gerabah?
- Mbah yen pas mbakar ngoteniku ngagem nopo?
- dll 

10. Proses Membuat Gerabah

- Mbah gerabah niku jenise nopo mawon?
- Ndamele ngonten niku benten nopo mboten?
- Pertama kali didamel niku napane?
- Terus napane malih?
- Kok saged bunder mlekung mulus niku ndamele pripun?
- Lha ndamel lambene gerabah niku pripun?
- Ngoten niku ndamele langsung nopo bertahap?
- Yen ndamel kandel kaleh tipis niku angel pundi?
- Kok saged kuat rapet mboten bocor niku ndamele pripun mbah?
- Warnane kok saged sumringah niku mbah, sarane sepundi?
- dll 

11. Proses Pembuatan Gerabah

- Mbah yen mbakar kan ditumpuk, cara numpuke pripun kok mboten pecah?
- Gerabah ingkang siap dibakar niku bakalane ingkang kados pundi?
- Yen mbakar pinten jam?
- Ngangge nopo mbakare Mbah?
- Yen mbakar niku tempate teng pundi?
- Yen sampon dibakar gerabah ingkang sae niku pripun Mbah?
- Gerabah ingkang mboten sae bakarane niku kengeng nopo?
- Mbah yen ujuk-ujuk mendung grimis udan ngoten niku terus pripun?
- Gerabah ingkang gampang bakarane niku gerabah nopo Mbah? Lan ingkang angel nopo mbah? Sebabe nopo Mbah?
- Carane ngertos gerabah ingkang sampun mateng niku pripun?
- Carane mbangkar utawa mendet gerabahe niku pripun Mbah?
- Carane noto supoyo mboten pecah niku pripun Mbah?
- Ngoteniku wonten gerabah ingkang dibakar malih Mbah?
- Jenengan nate ngertos gerabah modern Mbah?
- Mbah, pernah wonten program pemerintah ingkang hubungane kalian gerabah mbah?
- dll 

12. Distribusi Gerabah dan Pasarnya

- Mbah jenengan yen nyade gerabah teng pundi? Nyade kalian sinten mbah?
- Teng pasar pundi mbah?
- Yen ngirim pinten atus gerabah mbah?
- Regine pintenan mbah?
- Benten nopo mboten regine?
- Bentuk gerabah ingkang laris niku ingkang sepundi?
- Regine riyin kalian sak niki pripun mbah, awis pundi, mirah pundi?
- Yen ukuran bathi, riyin kalian sak niki niku katah pundi? Nopo malah rugi mbah?
- Mbah, teng Mbalongan niki kan wonten Wisata Pantai? Ngoten niku jenengan ngih pernah sadeyan gerabah teng mriku?
- Jenengan penah di ajak sadeyan gerabah pihak Pemerintah Desa mboten?
- Teng deso mriki pernah mboten mbah pihak pemerintah desa ngajak pelatihan ndamel gerabah ingkang unik?
- Pernah mboten mbah pihak Pemerintah desa maringi pijaman modal kangge ngembangke usaha gerabah?
- Teng deso ini ngih wonten took gerabahe mbah?
- Yen misalke teng Wisata Pantai Mbalongan wonten toko gerabahe, jenengan setuju nopo mboten mbah?
- dll 

Penulis adalah Suhadi, guru sosiologi SMA Negeri 1 Pamotan